Pages

Pages

Minggu, 04 Desember 2011

Parikan



PARI’AN 1

Kucing cilik kepidak jaran
Jran Teji Kecemplung kali
Maling pitik Mlebu Pakunjaran
Sing Korupsi dianggep lali

PARI’AN 2
Sego beras di buntel godong
Godong tekik bolong-bolong
Bojo Ayu moblong-moblong
Leno sitik colong uwong

PARI’AN 3
Motor cilik larang regane
Motor kuno moro’o mrene
Wong cilik rekoso uripe
Perkoro lengo ra ono entek’e

PARI’AN 4
Sego gudeg soko kahuripan
Kahuripan jenenge sepur
Wis Mbededeg golek panguripan
Panguripan di sikat sing nduwur

PARI’AN 5
Kucing limo ilang buntut’e
Buntut sapi dinggo pecutan
Perkoro lengo ora ono entek’e
Jebul di korupsi sing duwe jabatan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar